
Upacara Mengeti Pengesahan Undang-Undang Nomor 13 Tahun 2012
perkawis Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta
Wates : Upacara mengeti Pengesahan Undang-Undang Nomor 13 Tahun 2012 perkawis Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta dinten Senin Pahing surya kaping 31 (tigang ndoso setunggal) wulan Agustus warso 2015 (kalih ewu gangsal welas wonten ing plataran RSUD Wates ingkang dados pandhega upacara Supardal AMKL lan minongka penghageng upacara Direktur RSUD Wates dr. Lies Indriyati, Sp.A
Sabdatama saking penghageng upacara atawisipun mekaten kula ngaturaken agenging matur nuwun awit panjenengan sedaya sampun kersa nindakaken upacara punika kanthi tata upacara saha ngagem rasukan adat Jawi, mliginipun rasukan Ngayogyakarta Hadiningrat. Bab punika temtunipun sanged mongkokaken manah kula lan panjenengan sedaya, awit kanthi ageman punika nedahaken kula lan panjenengan sedaya sak estu saged ngetingalaken raos handarbeni saha nresnani Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang kanyata istimewa punika.
Kanthi dipun leksanaaken upacara Mengeti Pengesahan Undang-Undang Nomor 13 Tahun 2012 perkawis Keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta punika, mugi-mugi saged mahanani saha mumpangati tumraping warga masyarakat saha Pamarentah Kabupaten Kulon Progo, seni budaya ingkang sampun wonten tansah lestantun saha tansaya ngrembaka. (bd)
Source: RSUD Wates